Diberdayakan oleh Blogger.

Contoh Rantaman Pahargyan Temanten

Hawit Saking punika kanthi andhap asor saha panalongso saking manah, kulo sak kulawarga nyuwun gungan panjenengan sami, mugi Bapak/Ibu saha sanak sadherek kepranan ing penggalih paring pambiyantu, eguh pratikel, soho hanyengkuyung murih saged kalampahan hajat kulo kanthi wilujeng nirboyo nirwikoro.
Wondene Rantaman ingkang sampun karacik kados ing ngandap puniko hawit saking kepareng pambiyantu panjenengan ngaturaken panuwun, mugi-mugi Gusti ingkang Maha  Welas Asih tansah paring kanugrahan dumateng panjenengan sami, Amien.



Contoh Kidung untuk acara Midodareni Temanten

ASSALAMU’ALAIKUM WR. WB. KAWULA NUWUN DUMATENG PANJENENGAN PARA PEPUNDHEN, PARA SESEPUH, PARA PINISEPUH INGKANG PANTES PINUNDHI SAHA KINABEKTEN. MENAPA DENE PANJENENGANIPUN PARA TAMU KAKU SEMUAWANA PUTRI INGKANG DAHAT KINORMATAN, SAKDERENGIPUN KULA MATUR SUMANGGA LANGKUNG RUMIYIN KULA DEREKAKEN NGUNJUKAKEN PUJA-PUJI SYUKUR WONTEN NGASANIPUN GUSTI ALLAH, INGKANG SAMPUN PARING PINTEN-PINTEN KENIKMATAN DUMATENG KULA PANJENENGAN, KATITIKING DALU PUNIKA KULA PANJENENGAN DIPUN PARENGAKEN SILATURAHMI KANTHI KAWONTENAN SEHAT WALAFIAT MBOTEN WONTEN ALANGAN SATUNGGAL PUNAPA-PUNAPA. WIGATI ACARA ING DALU PUNIKA KULA DIPUN UTUS KALIYAN BAPA.IBU ………………………………………………………………………… SUPADOS ANGUPADI TUMURING WAHYU JODHO INGKANG AWUJUT SEKAR MONCAWARNO UGI SINEBUT KEMBAR MAYANG. KAWULA NUWUN KULA SARAYA JATI DIPUN UTUS KALIYAN BAPA.IBU ………………………………………………………………………………………… SUPADOS ANGUPADI TUMURING WAHYU JODHO INGKANG AWUJUT SEKAR MONCAWARNO UGI SINEBUT KEMBAR MAYANG. KINARYA JANGKEPING PANGGIHING CALON PINANGANTEN KEKALIH. MITURUT WASITA INGKANG DIPUN TAMPI BAPA.IBU ……………………………………………………………………………………….. PAPANDU MINUNGIPUN SEKAR MANCAWARNA PUNIKA WONTEN ING PADHEPOKAN SIKO DADI KABAWAH WEWENGKON SIDO MULYO. REHNING SAMPUN CETHA LAN TERWACA DHAWUH TIMBALAN BAPA.IBU …………………………………………………………………….. KULA ESTEKAKEN, SAMPUN NYUWUN PAMIT. MUGI LAMPAH KULA SARAYA JATI TUMUJU DATENG PADHEPOKAN SIDO DADI TANSAHA PINANGGIH RAHAYU. ALLOH TANSAH PARING PITEDAH KULA SAROYO JATI SAGET HAMBOYONG KEMBAR MAYANG, KA ASTA TUMUJU ING WISMA PAWIWAHAN. KI JATI WASESA 1.TITI TIDHEM SABAWANING RATRI. WIGATINE RIDALU SAMENGKYA. MIDADARENI JATINE. KRENTEGING TYAS NYE-NYUWUN MEMINTA SIH RAHMATING GUSTI. WAHYUNING PALAKRAMA MUGIYA TUMURUN. NDAYANI KANG MENGKU KARSA HAMIWAHA PUTRA PUTRI KANG KINASIH RAHAYU NIR RU BEDA. 2.DU ING NGUNI SAPTA WIDADARIGYA TUMURUN SAKING MARCUKUNDA. NGASTA PUSPITA RINONCE/ MRING SATRIYA KANG LUHUR. KANG WUSLABUH LABET MRING GUSTI GINANJAR WAHYU TAMA. SEKAR DEWA NDARU. KANG SINEBUT KEMBAR MAYANG IKU DADYA SARANA SARAT WIGATI TUMPRAP KANG MANTU PUTRA. 3.PAMINTANE PINI SEPUH SAMI MUGI TEMANTEN SAHABI PRAYA MANUNGGAL SIH SUTRESNANE MYANG BANGKUT ASESUNU. NGUPA BOGA JAN KEPING WAJIB. A TUT SUNGKEM PANERAN MANEMBAH SATUHU TANAPI YAYAH LAN RENA. WEKASANE RAHAYU INGKANG PINANGGIH WINANTU BAGYA MULYA. SARAYA JATI KAWULA NUWUN KYAI KEPARENGA KULA WOSAN. JATI WASESA MANGGA KISANAK PINARAK MLEBET KJEMAWON. MANGGA TA, KEPARENG PINARAK ING PALENGGAHAN INGKANG SAMPUN SUMADYA. SARAYA JATI MATUR NUWUN SANGAT KYAI, SAKDERENGIPUN NYUWUN PANGAPUNTEN, DENE SOWAN KULA SAKADANG BOTEN ATUR CECALA LANGKUNG RUMIYIN. JATI WASESA MBOTEN DADOS PUNAPA KISANAK, SOMANTEN UGI KULA INGGIH NYUWUN PANGAPUNTEN MBAK MENAWI ANGGEN KULA NAMPI KJARAWUHAN PANJENENGAN SAKADANG KIRANG SUBASITA, KULA BADE TANGLET ASMA PANJENENGAN SINTEN LAN SAKING PUNDI, KERAYA RAYA RAWUH ING PADHEPOKAN NGRIKI KISANAK. SARAYA JATI NUWUN INGGIH KYAI, KEPARENGA KULA NEPANGAKEN, KULASA KADANG SAKING ………………………………………………… NAMI KULA SARAYA JATI, DENE WIGATOSIPUN SOWAN KULA PUNIKA PINANGKA DADOS DUTA SARAYA SAKING PANJENENGANIPUN BAPA.IBU ……………………………………………………………………………………….. SAPERLU HANGUPADI TUMURUNING WAHYU JODHO INGKANG SAMPUN CINANDHI WONTEN ING KEMBAR MAYANG. PINONGKA KANGGE SARAT SARANA ANGGENIPUN BADHE KAGUNGAN KERSA NGEMAH EMAHAKEN PUTRA PUTRINIPUN. SARTA KANGGE HANJANGKEPI ING UPACARA PANGIHING SRI TEMANTEN. PUNAPA PANCEN ING NGRIKI DUNUNGIPUN KEMBAR MAYANG KYAI. JATI WASESA NUWUN INGGIH, SADERENGIPUN KULA PRATELA DHUMATENG PANJENENGAN LANGKUNG RUMIYIN KULA UGI NEPANGAKEN BILIH INGKANG KASDUHAMESTANI KULA PUN KI JATI WASESA, DENE PADHEPOKAN KULA MRIKI WINASTAN SIDADADI PANCEN LERES, INGGIH ING PADHEPOKAN SIDADADI NGRIKI PUNIKA CUMANDHOKIPUN SEKAR MANCAWARNA INGKANG SNEBUT KEMBAR MAYANG, NAMUNG NAMINIPUN LANGKUNG JANGKEP INGGIH PUNIKA, KEMBAR MAYANG, KAYU KLEPU DEWANDARU CENGKIR GADING KENDHIT PITU, PUNAPADENE SADAK LAWE. SARAYA JATI MANGGIH KALERESAN KYAI INGGIH PUNIKA INGKANG DIPUN KERSAAKEN DENENG BAPA.IBU ……………………………………………………… INGKANG PUNIKA MUGI WONTENA KEPARENGING PENGGALIH TUMUNTEN KEMBAR MAYANG KEPARENGNA DHUMATENG KULA. DENE MENAWI MAWI PENGAJI PINTEN KERTA AJINIPUN. MENAWI MAWI LELIRUPUNAPA LELIRUNIPUN, WATON KULA SANGET HAMBOYONG KEMBAR MAYANG PUNIKA KYAI. JATI WASESA MITURUT WAWANGSONING JAGAT, MBOTEN SAGET DIPUN TUMBAS KANTHI PUNAPA KEMAWON, NAMUNG SOK SINTENA INGKANG SAGET ANEGESI NAMINIPUN KEMBAR MAYANG KANTHI JANGKEP SAHA TREP. INGGIH PUNIKA INGKANG SAGET HAMBOYONG WUJUDIPUN KEMBAR MAYANG PUNIKA. SARAYA JATI WE LHADALAH, LHA KOK ABOT SANGGANIPUN KYAI, GANDHENG KULA SAMPUN SUMANGGEM DADOS DUTA NGRAMPUNGI, SANADYAN KADOS PUNDI KEMAWON BADE KULA LEKSANANI. NYUWUN PANGESTU KYAI KEMBAR MAYANG KAYU KLEPU DEWANDARU, CENGKIR GADHING KENDHIT PITU, SADAK LAWE. KEMBAR MAYANG TEMBUNG KEMBAR PUNIKA, TEGESIPUN PADHA. TEMBUNG MAYANG PUNIKA TEGESIPUN NUR UTAWI CAHAYA, WONTEN ING KANG MESTANI KEMBANG JAMBE. KEMBAR MAYANG PUNIKA MUJUTAKEN BLENGER ING KAKUNG LAN PUTRI. KAKUNG LAN PUTRI PUNIKA SATEMENIPUN SAMI DENE INGKANG BENTEN WADHAHIPUN DENE NUR UTAWI CAHYA KALA WAU LENGGAHIPUN, ING RASAJATI INGKANG DIPUN WASTANI URIP UTAWI GESANGIPUN. TIYANG JEJODHOHAN PUNIKA MENAWI KEPINGIN LANGGENG. KEKALIHIPUN KEDAH SAGET MENUNGGALAKEN RASANIPUN. INGGIH MANUNGGALING RASAJATI PUNIKA INGKANG SAHET HANGGELAR PAKARTI LUHUR INGGIH PUNIKA INGKANG WINASTAN GARWA UTAWI SIGARANING NYOWO WINASTAN KEMBAR RASANE. KAYU KLEPU DEWANDARU, KAYU KEYUN, KLEPU-KLEPENG. DEWA TITIH INGKANG LUHUR DARU DARAJATING AGESANG, DADOS LORO-LORONE NGATUNGGAL SAMPUN SAGOLONG GAYUT DARAJATING AGESANG. CENGKIR GADHING KENDHIT PITU, CENGKIR KENCENGING PIKIR. GADHING GADANG. KENDHIT PITU, PANGIKET INGKANG KIAT SANGET. DADOS RING KESIPUN LORO LORONE ATUNGGAL SAMYA ANGIKET REOS KATRESNAN. SADAKLAWE BIYEN SANAK SAKI DADI JODHONE KYAI. GADUK KULO NAMUNG SAMANTEN, DENE LERES LAN LEPATIPUN KAWULA SUMANGGAAKEN. JATI WASESA SANG SARAYA JATI, SAARIKMA PINARA SASRAKULA BATEN NYANA BILIH PANJENENGAN INGKANG SANGET ANEGESI KANTHI TREP LAN JANGKEP. MBOK MENAWI INGGIH SAMPUN DADOS KODRATING JAGAT, BILIH PANJENENGAN INGKANG KEWANA HAMBOYONG KEMBAR MAYANG PUNIKA. NAMUNG KAJAWI PUNIKA WONTEN SARAT SARANANIPUN, SEPISAN, PAMBOYONGING KEMBAR MAYANG KKAEMBAN JEJAKA KALIH. KAPING KALIH, CENGKIR GADHING SAK PIRENTOSIPUN KASTA KENYA DHOMAS. KAPING TIGA, LAMPAHIPUN KEMBAR MAYANG KABIWADHA GENDHING ILIR-ILIR. WONDENE KAWEKASAN, MURIH BOTEN ALUM PRADAPA SEKAR MANCA WARNA, SUPADOS DIPUN SARANANI MAWI RENGENG RENGENG KEKIDUNGAN. SARAYA JATI NUWUN INGGIH KYAI, BADHE KULA ESTOK AKEN SADAYA SARAT SARANANIPUN MANAWI WANTEN KIRANG LANGKUNGIPUN KULA NYUWUN LUMUNTURE SEWU SEWU PANGANPUNTEN, SUMANGGA KEPARENGA MIDHANGETAKEN. NUWUN. DANDANGGULA KIDUNGAN 1.ANA KIDUNG RUMEKSA ING WENGI. TEGUH HAYU LUPATA ING LARA. LUPUTA BILAHI KABEH. JIM SETAN DATAN PURUN. PANELUHAN TAN ANA WANI. GUNANE WONG LUPUT. GENI ATEMAHAN TIRTA. MALING ADOH TAN ANA NGARAG MRING KAMI. GUNA DUDUK PAN SIRNA. 2.SAKEHING TARA PAN SAMYA BALI SAKEH NGAMA PAN SAMI AMIRUDA. WELAS ASIH PANDULUNE. SAKEHING PROJO LUPUT, KADI KAPUK TIBA NENG WESI, SAKEHING WISA TAWA, SATO GALAK TUTUT, KAYU AENG LEMAH SANGAR, SOHING LANDAK GUWANE WONG LEMAH MIRING, MYANG PAKIPONING MERAH. 3.PANGGU PAKANING WARAH SAKALIR. NADYAN ARCA, MYANG SAGARA, ASAT TEMAHAN RAHYU KABEH. APAN SARIRA AYU, ANGIDERAN, PRO WIDADARI, RINEKSA PRO MALACKAT, SAKATAHING ROSUL. PAN DADYA SARIRA TUNGGAL, ATI ADAM, UTEKU BAGINDA ESIS. PANGUCAPKU YO MUSO. 4.NAPASKU JENG NABI NGISALI NUWIH. NABI YAKUP PAMIARSA NING WANG YUSUP ING RUPAKU MANGKE. NABI DAWUD SUWARAKU, JENG SULEMAN KASEKTEN MAMI. NABI IBRAHIM NYAWA, EDRIS ING RAMBUTKU, BAGINDA NGALI KULID INGWANG GETIH DAGING NABI UMAR SINGGIH. BALUNG BAGINDA NGUSMAN. 5.SUNGSUM INGSUN PATIMAH LINUWIH, SITI AMINAH BANYUNING ANGGO, AYUP MINONGKA USUSE, NABI NUH JEJANTUNGKU. NABI YUNUS PAN OTOT MAMI, NETRAKU YA MUHAMMAT, PANDULUKU ROSUL, PINAYUNGAN ADAM SARAK, SAMPUN PEPAK SAKATAHING NABI WALI DADYA SARIRO TUNGGAL. 6.WIJI SAWIJI MULANE DADI, APAN PENCAR SAISINING JAGAT, KASA MADAN DENING DATE, KANG MACA KANG ANGRUNGU, KANG ANURAT LAN KANG NIPENI, DADI AYUNING BADAN KINARYA SESEMBUR. YEN WINA CAKNA ING TOYA. KINARYA DUS RORO TUWA AGLIS MARI WONG EDAN NULI WARAS. 7.LAMUN ARSA TULUS NANDUR PARI, PUASAHA SAWENGI SADINA. IDEANA GALENGANE. WACANEN KIDUNG IKU SAKEH NGAMA, SAMI ABALI, YEN SIRO LUNGA PERANG WWATEGENING SEKUL, ANTUKA TIYANG PULUKAN, MUNGSIH IRA REP SIREPTAN ANA WANI, RAHAYU HING PAYUDAN. 8.LAMUN ANA WONG KADENDAKAKI, WONG KABANDA WONG KABATAN UTANG YOGYA WACANEN DEN AGE. WATORO TENGAH DALU PING SAWELAS WATESE SINGGIH, LUWAR KANG BINANDA KANG DI NENDA WURUNG AGLIS MULYA LINU WARAN INGKANG UTANG IKU SINGGIH. INGKANG AGRING NULI WARAS. 9.SING SOPO REKEARSA ANGLA KONI AMUTIHA LAWAN ANA WOHA, PATANG PULUH DINA BAHE, LAN TANGI WEKTU SUBUH, LAN DEN SABAR SAKURAN ATI, INSA ALLAH TINEKAN SAKAR SANIREKU, TUMPRAP SANAK RAKYAT IRA, SAKING SAWABING ILMU PENGIKET MAMI DUKANENG KALI JAGA. SARAYA JATI : KYAI : ATUR KEKIDUNGAN KULA, PINANGKA JANGKEPING SARANA PAMBOYONGING SEKAR MANCAWARNA KIRANG ING SADAYANIPUN, INGKANG MBOTEN DADOS RENANING PENGGALIH MUGI DIAGUNG PANGAK SAMANIPUN. JATI WASESA : SANG SARAYAJATI, SAKING KAPRANANING MANAH KULA, WEDHAL PUNIKA UGI KEMBAR MAYANG KULA PASRAHAKEN SUMANGGA KULA ATURI HANAMPI. SARAYA JATI : KYAI REHNING SAMPUN CEKAP SAMUDAYANIPUN KAWULA NYUWUN PAMIT LAN NYUWUN PANGESTU, MUGI TANSAH MANGGIHA BAGYA MULYA LAMPAH KULA. JATI WASESA : SANG SARAYA JATI, SAPENGKER PANJENENGAN KULA PRANGGAL PUJA SESANTI JAYA-JAYA WIJAYANTI : SIRNA MEMALA PINAYUNGAN SIHING GUSTI HAYU HAYU RAHAYU INGKANG SAMI PINANGGIH. SARAYA JATI : PASRAH HAMENGKU HATI KEPARENG MATUR DHUMATENG BAPA.IBU ………………………………….. INGGIH AWIT SAKING BERKAH SAHA PANGESTU PANJENENGAN KULA SAMPUN KELAMPAHAN HAMBOYONG WUJUTIPUN KEMBAR MAYANG, INGKANG PUNIKA SUMANGGA KULA ATURI NAMPI MUGI SAGEDA KINARYA SARANA DHAUPIPUN INGKANG PUTRA. HAMENGKU GATI ADHIMAS SARAYA JATI, KULA TAMPI KANTHI BINGAHING MANAH, LAN AWIT SAKING SIH PITULUNGAN PANJENENGAN, KULA SAKULAWARGA NAMUNG SAGET HANGATURAKEN GUNGING PANUWUN INGKANG TANPA UPAMI. NUWUN. MATUR NUWUN. GENDHING AYAK – AYAKAN KABABARAKEN, ( P R A N T U ) WEWARAH SUNAN KALIJAGA LAMUN ANA WONG KANG NGGEGURUKAKI, AMILIHA MANUNGSA KANG NYATA, ING BECIK MERTABATE. SARTA KANG WRUHING KUKUM KANG NGIBADAH, LAN INGKANG NGIRANGI, SYOKUR OLEH WONG TAPA ING KANG WUS AMUNGKUL, TAN MIKIR MAWAHING LIYAN. IKU PANTEN SIR GURON NANA KAKE. SARTANE KAWRUG ANA. DHANDANG GULA SIDO ASIH PAMINTAKU NIMAS SIDO ASIH ATUT RUNTUT TANSAH RERUNTUNGAN ING SARINA SAWENGINE DATAN GINGGANG SARABUT LAMUN ADOH CEKETING ATI YEN CEDAK TANSAH MULAT SIDO ASIH TUHU PINDA MIMI LAN MINTUNA AYO KARENG NIMAS ANETEPI WAJIB SIDO ASIH BEBRAYAN…..

Geguritan Lintang lan Pelangi

Lintang lan Pelangi
Yen tak gagas lan tak graita
Kadang kala aku kudu nguyu lan uga kuciwa
Nanging pepestining gusti tan kena kinira
Kabeh jalma manungsa kudu bisa narima
Pirang desa pirang kutha angganku ngalembara
Akeh wanita kang mampir ana ing jiwa raga
Lamun kabeh mau muspra tanpa guna
Yen pepestining Gusti durung tumeka
Bebasan suwe mijet wohing ranti
Yen gusti wis paring idi lan pesti
Cukup telung dina katresnan rinakit dadi
Nganti tumeka saiki gusti mberkahi
Sumeleh rasaku tumuju tresna kang sejati
Tumrap wanita gegantilaning ati
Nganti gusti paring bebungah kang edi lan peni
Sing priya embaning janaka sing putri embaning srikandi
Lintang dan Pelangi
Dadi tanda yekti katresnan suci
Muga Gusti tansah paring idi
Trena nganti kaki-kaki lan nini-nini

Geguritan Pamong Desa

Pamong Desa
Yen kelingan jaman semana
Runtang runtung ngalor ngidul tanpa duga
Nuruti kekarepan golek kesenengan sak dengah papan
Pancen ora maido yen isih dadi nom-noman
Saiki  jaman wis gumanti
Wis dadi niat kang suci kudu nyawiji
Desa Juron kudu dadi gegantilaning ati
Tumrap pamong kang kudu ngabekti
Oja sira cidra ing janji
Tansah siyaga iri sawega ing gati
Kanthi iklas tulusing ati
Sewayah-wayah warga nimbali
Lamun sira tan kena cinitra ala
Gyo jumangkah tumuju gegayuhane  warga
Tan kena mengko tan kena lena
Sira bakal kebak pangalembana

Cerkak: Suro Teteg

Cerkak: Abhiseka Rajakandha


Jam loro bengi. Rontek wis dipasang rintip ana pinggir dalan desa. Ora liya gambar caleg(calon legislatif), sing uga diarani calon DPRD kutha Kabupaten. Jenenge H. Suro Teteg, SH. Nalika ditlesih, hurif H ana ngarep jebul cekakan saka jeneng Hadi, kamangka padatan H ana jeneng ngarep gelar haji. Yen ngono, kena ngapa Suro Teteg kok ora nganggo gelar Syahadat utawa malah nganggo gelar Pasa, senajan pasane ing sasi romadlon ya mung yen gelem. Dene SH ana jeneng mburine pancen cekakan saka Sarjana Hukum, ning ya kuwi, mung tukon. Wong nyatane dheweke ora tau mlebu kuliah, mlebu mlebu nalika wisudhan. Yen nilik sejarahe Suro Tatag, nalika SD nunggak ping lima, SMP nunggak ping loro. Dadi ijazah SMA-ne mung persamaan. Andek puna kementhuse jamak, kathik malah ada ada nyaleg. Rupa ora bagus, bandha ya mung cupet, sesrawungan sasat ora ana sing seneng, marga angger omongan nggedebus sundhul langit. Angger ana rewangan wong duwe mantu, pamit, semono uga yen ana layatan. Menawa jagong manggone ngarep dhewe, ora isin lungguh jejer pak lurah karo jegang pethitha pethithi.
Bareng wis rampung anggone padha masang rontek, wong wong mau padha dijak mangan ana warung hik sing isih bukak. Lumayan, saben rontek siji diregani rong ewu rupiah. Mangka Pardi wis kasil masang seket rontek, ateges satus ewu wis mesthi bakal ditampa saka caleg Suro Teteg. Kabeh ana wong telu, ateges Suro Teteg kudu mbayari telung atus ewu marang sing masang rontek.
“Lik Gareng. Dietung kabeh enteke pira” Omonge Suro Teteg marang bakul hik. Bareng wis ditakoni mbaka siji, totale anggone jajan entek 52 ewu punjul limang atus klebu Suro Teteg.
“Lha sampeyan pinten, dhe?” Pitakone Suro Teteg marang wong sing kapinujon uga jajan ana hik-e lik Gareng. Sing ditakoni ora semaur malah sajak ora nggatekke. Sajake wong mbecak aran Sembodo kuwi wis apal lagak lagune Suro Teteg. “Sisan dhe, tak bayari” Suro Teteg nambahi rembug.
“Aku tak mbayar dhewe. Pira, Reng?” Wangsulane Dhe Sembodo nuli takon bayarane marang sing dodol. Dhuwit sepuluh ewu diulungake, gareng njujuli rong ewu. “Ngati ati dulur urip jaman saiki. Apa maneh usum arep pilihan caleg ngene iki. Usum udan dalan padha jeblog, aja nganti kepleset lan kejeglong, ngati ati karo wong kakehan janji” Omonge Sembodo ndermimil karo ninggalake warung hik sajak ora duwe dosa. Mbuh, sapa sing dikarepke dheweke muni kaya mengkono. Yen ngrungokke suwarane sajake ya nyindhir sing ana kono. Bisa uga Sembodo becak wis tau ketaton karo Suro Tatag dhek pilihan caleg limang tahun kepungkur.
Dene wong telu sing lungguh ana hik padha plenggang plenggong krungu suwarane wong sing dianggep ngomyang ora cetha. Suro Teteg uga ora kalah ndememeng kaya tawon ndhas sing omahe dibubrah. Nanging anggone gembranggang nalika Sembodo wis rada adoh. Caleg mau malah ngundhat undhat, menawa Sembodo bicak njilih dhuwit ora tau mbalekke. Angger diwenehi gawean pasang rontek, umbul umbul, gendera parte lan spanduk dhuwite ditampa dhisik gaweane ora temata. Ngono mau miturut kandhane Suro, suwarane gembranggang karo ngulungke dhuwit seketan ewu marang Gareng hik.
“Kirang kalih ewu gangsal atus, mas caleg”
“Kurang ta? Wah, aku durung njupuk maneh ki. Iki mbok gawa papiye kartu kreditku” Ngono wangsulane Suro Teteg semu pamer karo nuduhke kartu kredite cacah lima. Kanggone gareng dhuwit rong ewu kuwi etungan. Nanging dheweke ora wangsulan. Batine Gareng dadi kelingan gembrenenge Sembodo becak. Mung dhuwit rong ewu limang atus wae wae kathik utang, malah sak kal melu melu ngrojongi omongane Sembodo becak najan mung dibatin.
***
Nalika nekani ana rapat mesjid Al-Hidayah, caleg Suro Teteg jaluk wektu bakal titip rembug. Pranata wicara nuli macakake urutane acara. Nalika teka sambutan caleg, Suro Teteg nuli mbukak salam: “Salamungalaikum warohmatuloh wabarokatut…” Ngono pambukane sambutan. Para rawuh padha mbatin, pambukane salam kok ora cetha malah kepara luput. Ing mangka jeneng ngarepe nganggo huruf H. Ing wiwitan pambiwara wis ngucap menawa caleg mau kanthi jeneng Haji Suro Teteg Sarjana Hukum.
Pidhatone ngalor ngidul ora cetha, malah kathik nganggo ndalil barang nanging luput. Ngucap amar ma’ruf nahi mun’kar kleru “pak makruf naik dhokar”. Krungu kaya ngono akeh sing padha nggleges malah ana uga sing ngguyu nyekakak.
“Wah, pelecehan kuwi!”
“Hajine haji apa kuwi?”
“Aja aja hajiii….”
“Cekap cekap para jamaah.” Ngono anggone pambiwara nyandhet supaya ora padha saur manuk ngluputake caleg sing lagi diwenehi wektu dene pambiwara. “Mangga pun lajengaken pak haji Suro Teteg” Suwarane pambiwara marang calege.
Raine abang ireng, malah awake wiwit gembrobyos, sajake rumangsa ana sing kleru anggone ngucap. Ning dhasare Suro Teteg, mesthi dheweeke teteg wae anggone ngadhepi. Malah dheweke janji, menawa yen wis dadi DPRD dhuwit aspirasi bakal disumbangke mesjid 20 yuta. Kabeh sing ngrungokke wiwit ora percaya karo omongane caleg Suro Teteg. Malah pungkasane rembug, dheweke bakal ngirim bata, pasir, kawat, semen, porselin kanggo ngrampungke papan wudlu. Minangka bukti, sesuk esuk bakal dikirim wedhi sak trek.
“Niki janji kula, penjenengan sedaya tuwin Gusti Allah ingkang nyekseni. Penjenengan pirsa, dalan pinggir desa nika kula sing merjuangke. Pun ta, pokoke kula nyuwun tulung. Benjing tanggal 9 april njenengan sedaya coblos jeneng kula, H. Suro Teteg, SH. Sebab pilihan mangke boten enten proto, eh photo kula. Ning jeneng kula. Ampun kesupe, H. Suro Teteg, SH” janji lan welinge ndakik ndakik. Nalika pungkasan pidhato, sajake para rawuh sajak muneg ngrungokke omongane caleg Suro Teteg. Bola bali Suro Teteg, jumbuh karo jenenge.
***
Mbuh wis kaping pira anggone caleg Suro Teteg sosialisasi marang saben pakumpulan RT, pengajian, mesjid sarta PKK. Sajake obral janji dadi modhale Suro Teteg. Malah para warga sing tau disulayani, Suro Teteg ditambahi jeneng dene pakdhe Sudrun kanthi tambahan Pawiro Saguh Joyo Endho. Bok menawa karepe jeneng kuwi duwe teges, wong sing teteg ora duwe isin sing tansah sregep saguh nanging nyulayani.
Akeh janji janji sing disulayani. Sing jare arep mbantu nukokke bala pecah marang RT wolu, jebul mblenjani. Jare sing arep nyumbang matrial bangunan kanggo gawe serambi mesjid jebul ngapusi. Jare arep nukokke sarana Olah Raga marang Karang taruna, uga diblenjani. Malah nalika dadi DPRD bakune teka absen, ninggal tas ana kantor banjur pamit lunga, bali bali yen wis jam siji utawa jam loro. Luwih lucu maneh angger ana gawean rapat ora tau teka malah ditinggal mancing. Sing genah mlebu angger tanggal nom mesthi mlebune sik dhewe. Edan!
  Jadwale caleg H. Suro Teteg, SH ana ing desa Ledokan. Jumbuh karo jenenge, desa Ledokan. Desa mau pancen mapan ana Ledokan, angger udan keleban banyu, dalane mblekuk. Sing genah durung diaspal. Mula nalika liwat dalan mblekuk bisa kanggo srana kampanye. Mangka biyen dheweke tau kampanye ana kampung Ledokan, janjine arep mbantu ngaspal dalan, nanging ora ana buktine.
“Nyuwun pangapunten. Tahun anggaran wingi kula sampun nyuwun jatah kangge ngasapal dalan kampung penjenengan sedaya. Nanging anggaran dipun tundha wulan ngajeng. Penjenengan tengga wulan ngajeng. Mila estu, mangke menawi kula kepilih malih. Kula janji, janji. Dalan kampung Ledokan ajeng kula aspal sedaya, kalen kalen kula damelaken cor-coran. Niki, pun kula gawakke layang perjanjen. Pun kula templeki matrei” Omonge  makanatar kantar, nganti cangkeme kebak unthuk ora krasa.
Ora ana sing  nyahut rembug, apa maneh sing teka ora akeh. Mung udakara 40 wong, mangka sing diundang wong sa RW, kudune udakara satusan seket munggahe nyang rong atus. Kajaba saka kuwi, pidhatone caleg Suro akeh nggladrahe sarta mung diakehi janjine. Dadi bener menawa dheweke diparabi caleg Suro Teteg Pawiro Saguh Joyo Endho. Ana pungkasane pidhato, pak RT sida nandha tangani layang perjanjen sing diomongke, kanthi catetan yen para warga kampung Ledokan kabeh milih dheweke. Ketua RT enggal nandha tangani layang, sauntara kuwi para warga sing wiwit ora nggagas padha mulih kluntrung kluntrung mlipir mulih metu mburi.
Bubar kampanye, udan deres. Para warga sing teka ana undhangan wis padha mulih, mung kari pak RT, mbah Saridin, pakdhe Sodik lan mbah Kariyem. Suro Teteg pamit mulih. Eman, nalika mobil sing disopiri ijen kuwi dumadakan keblegong ana ndalan lendhutan etan kampung Ledokan. Bane mobil mung muser.
“Trondholo kecut. Gek udan, keblegong dalan lendhut!” Panggresulane Suro Teteg. Makaping kaping digas, uga disetengah kopling tetap wae ora bisa uwal, kathik udane saya deres. “Hah, kok ya ora ana wong-weng ta iki” Omonge karo noleh nenegn. Saeba kagete nalika noleh ngiwa ana pawongan lanang kalung sarung nganggo payung godhong lompong.
“Oh, lik Sembodo. Kebeneran, lik. Tulung padoske kanca kanca, mangke kula paringi seket ewu setunggal tiyang. Tulung tenan lik Sembodo, sampeyan satus ewu dhewe. Mosok kalih kula ra percaya” Ngono anggone Suro Teteg setengah meksa jaluk tulung. Sing dijaluki tulung mung meneng mbegegeg. Suro Teteg rada kaget, nalika nyawang praupane wong mau sajak duwe perbawa, apa maneh ketambahan kahanane peteng sarta udan deres.
“Aku ora butuh janji janjimu Suro Teteg. Minangka wong sadrema titah, aku bakal tetulung marang wong kang nandhang susah. Ayo, sak kuwatku mobilmu tak surunge” Omonge Sembodo sing gaweane mbicak saben dina kuwi nuli ana mburi mobile. “Ayo, tak surung!”
“Iya, lik!” Omonge karo nyetarter mobile.
“Ngeeeeng, ngeeeeeng…!” Suwara mobile nggereng.  Udakara rong menit, mobil sing disopiri Suro Teteg uwal saka jeglongan banjur nggendring tanpa kandha matur nuwun marang Sembodo.
Adoh lampu mobile kethip kethip. Nanging ora let suwe, ana suwara kemrosak jemblegur. “Kok kaya mobil kecemplung jurang?” Batine Sembodo ngudarasa. Sembodo nuli mulih ngluntrung isih tetep payungan godhong lompong karo dedonga “Muga muga kowe slamet, Ro”.
.

Contoh naskah ACARA DAUP PANGGIH PANGANTEN

TANARBUKO ACORO INGKANG SEPISAN

Nuwun, sagunging poro tamu kakung sumawono putri, ingkang sinubeng toto krami, kados sampun prayogi pabyoworo bade hambuko lampahing pahargyan ingkang kanthi prasojo ing rikalenggahan puniko.
I. Dene lumadine adicoro ingkang sepisan
Nuninggih atur pambuko …. Trus II – III ……..

RAWUHIPUN TAMU BESAN

Kaulo nuwun, poro tamu kakung miwah putri, awit saking nataling manah kapingin paring pangestu dateng panganten kekalih, sarto  raket rumaketing anggenipun sami bebesanan Bp. ………………………… sekalian ibu, miwah poro kadang sentono sawetawis, kepareng rawuh ing pasamuan puniko. Sugeng rawuh sugeng lenggah, nuwun, …



JANTURAN LUMENGSERING LAMARAN

Rampak runtut swaranya anganyut-anyut ungeling pradonggo humuring, tindak iro poro kadang wiro anom iwah poro putri, ingkang nedeng rumagang ing karyo. Nglumengseraken ponang sarat sareno / lamaran.
Dasaripun poro mudi sambodo ing driyo tan mingkuh saliring kewuh, bangkut ngentasi karyo. Eling-eling poro mudi soho mudi minongko kembange deso, milo anggenyo makaryo tansah guyub rukun cihno dados aruming asmo iro.

MIOSIPUN PANGANTEN PUTRI

Kaulonuwun, poro tamu kakung soho putri ingkang dahat kinurmatan, panganten putri sampun purno ngadi busono, kaireng aken dening Ibu ……………………….. kaderekaken sawelawis parogo.
Panganten putri tumunten bade miyos lenggahing palenggahan panganten, dene miosipun panganten putri piyakngarso tangkeping wuri, lamun cinondro ngambar arum, gandane (sekar tejo) sekar monco warno.
Panganthi Panganten : Rr………………… & Rr………..…………
Patah Sakembaran : ………………………… & …………………………

PANGANTEN KAKUNG MLEBET RASAMUAN

Poro tamu kakung miwah putri,
Panganten kakung sapenderekipun sampun toto rakit, ingkang puniko, parogo ingkang kajibah, sumonggo tumunten keparengo hangancarani rawuhipun penganten ing pasamuan tindak ipun panganten ing margi-margi tansah manggihi wilujeng.
Wondene ingkang bade hamapak Bp. ……………………………… dipun derekaken pangombyong sedoyo kel besan.


ACR DAUP PANGGIH PANGANTEN

Poro tamu kakung soho putri ingkang dahat kinurmatan, tumunten bade katindakaken adicoro panggih panganten.
Poro ingkang tinanggenah keparengo nyawisaken pirantos-pirantos sakcekapipun, panggihing panganten karigenaken dening Ibu ……….. awit saking puni, Ibu ……………………. Kaparengo nggandek pengaten putri anuju dateng papaning panggih. Poro tamu kasuwun paring puji pangestu dumateng panganten ke-2
Dene panggihing panganten lamun Cinondro :
Kadyo contoko kang kebalking warih.

Contoh naskah PANYONDRO

PANYONDRO
Paripurno gatiningkang titi laksono panggih
Samono sang pinanganten wus jumeneg jajar
Sumanding sarwi siningemban sinduro dening
Ingkang Ibu. ……… kebrayaning putra sarimbit tinuntun
Rehing kautamen, pinayungan budi rahayu
Wani marang bebener, wedi marang kanistan
Pradonggo hanganyut-anyut ngumandang sang laras,
maya mayungi temanten kekalih kang
nembe daup mangkeno laju manjing
sasono rinenggo
Prapteng unggyan kang tinuju gyo lenggah
ing kursi rinenggo, pinanganten kekalih kawuryan
lir kumo joyo lan ratih,
sang laras moyo memujo manggyo suko Basuki
Tulus widodo rahayu, wibowo salami-laminyo,
Ing ndoyo prapting delahan,
Rukun kebegan tresno Asih
Dadyo sudarsono yekti.