Rabu, 25 Februari 2015

Contoh naskah PANYONDRO

PANYONDRO Paripurno gatiningkang titi laksono panggih Samono sang pinanganten wus jumeneg jajar Sumanding sarwi siningemban sinduro denin... thumbnail 1 summary
PANYONDRO
Paripurno gatiningkang titi laksono panggih
Samono sang pinanganten wus jumeneg jajar
Sumanding sarwi siningemban sinduro dening
Ingkang Ibu. ……… kebrayaning putra sarimbit tinuntun
Rehing kautamen, pinayungan budi rahayu
Wani marang bebener, wedi marang kanistan
Pradonggo hanganyut-anyut ngumandang sang laras,
maya mayungi temanten kekalih kang
nembe daup mangkeno laju manjing
sasono rinenggo
Prapteng unggyan kang tinuju gyo lenggah
ing kursi rinenggo, pinanganten kekalih kawuryan
lir kumo joyo lan ratih,
sang laras moyo memujo manggyo suko Basuki
Tulus widodo rahayu, wibowo salami-laminyo,
Ing ndoyo prapting delahan,
Rukun kebegan tresno Asih
Dadyo sudarsono yekti.

Tidak ada komentar