Rabu, 23 Agustus 2017

Cerkak: SIMBOK WELASMU NENG NGENDI?

“Simbok, welasmu neng ngendi?” pitakonku makaping-kaping ora ana wangsulan. Nadyan pitakon mau tak tujokake marang simbok, nanging simbok lu... thumbnail 1 summary
“Simbok, welasmu neng ngendi?” pitakonku makaping-kaping ora ana wangsulan. Nadyan pitakon mau tak tujokake marang simbok, nanging simbok lunga neng ngendi. Embuh, menawa aku takon bapak, wangsulane ora cetha, mbulet dadi mbingungke atiku. Senajan aku dhewe ngerti, menyang ngendi saiki lungane simbok. Nanging aku ora bisa crita kanthi gamblang, kepiye anggonku crita marang kabeh wong, utamane marang kulawargane bapakku.
    Ora tak selaki, aku saiki urip saomah karo simbah lan cedhak karo mbokdheku. Sing ateges bapakku sing nggula wenthah aku sarta simbah lan mbokdheku. Apa dheweke luput menawa nggula wenthah aku ? Sing kudune duwe wajib ora liya simbok lan bapakku.
    “Oh, Simbok. Simbok kudune ngerti kahananku menawa aku mbok tinggal nganti sasen-sasen. Ora amarga aku wedi keluwen utawa bapakku galak, ora Mbok. Sak tenane simbok aneng ngendi, lan ngapa ? Ngapa simbok kudu pisah karo aku ? Upama pisah karo bapak, simbok bisa. Nanging tenane mbok, apa Simbok bisa pisah karo aku ? Saiki aku kaya bocah lola. Sing kudune saben dina diawasi, digula wenthah, yen dolan durung mulih digoleki. Yen bengi mapan turu dikongkon sinau banjur didongengke. Nanging saiki aku mung bisa ngalamun, mbok. Lan yen awan kakehan dolan sarta nakal, aku pengin simbok nyethoti pupuku, malah kepara nggebug nganggo srandhal jepit. Aku kangen, mbok. Aku saiki nangis, luhku netes ing pipi loroku. Apa simbok ora krasa tangise anakmu …?”
    Mengkono kandhane atiku. Bocah sing lugu crita marang sapa wae, kalebu marang Gusti Allah. Aku isih lungguh ana sekolah dasar kelas telu.
    “Le, aku iki Simbokmu uga” mengkono kandhane mbokdheku. Tembung kang kaya mangkono saupama ora dikandhakake, atiku ngerti, wong nyatane mbokdheku gemati marang aku, nganggep aku iki anake, najan mbokdheku kalebu galak, nanging sayang marang aku. Aku lila, yen aku nakal aku diciwel. Nanging ora, kajaba mbok dheku mung banter ndukani aku marga aku ora nurut karo ngendikane mbokdheku. Malah yen aku ladakan karo Mas Risang, aku sing dibela, dudu Mas Risang senajan aku salah. Nanging aku nglenggana, aku banjur dituturi menawa sak temene aku sing luput.
    “Mbok, Mas Risang nakali aku. Nendhang manukku !”
    “Ora dhing, Kukuh sing nendhang !”
    “Mas Risang !”
    “Kukuh … !” Padudon mau kulina tak lakoni. Nanging bola-bali mbokdheku tetep wae mbela aku. Sing kudune mbela kuwi simbokku, nanging embuh simbok ora ana. Apa simbok pancen wis lali marang aku.
    “Mbok, kowe bisa lali marang bapak, nanging aku ngerti, kowe ora bakal lali marang aku. Sing jare, aku ik cuwilane getih dagingmu, Mbok” kandhaku melu-melu kaya tembunge wong dewasa.
    Awakku dadi tambah ireng geseng marga kakehan dolan lan ora manut kandhane mbokdhe apa dene simbah. Bapakku ora ngerti kahanan saben dinane, kajaba yen prei nyambut gawe, marga yen awan kudu nyambut gawe kanggo nyukupi butuhe anak-anake. Yen mulih wis wayah bengi, jam pitu. Kuwi wae kudu umbah-umbah utawa nyetlika klambi seragamku lan seragame mbakyuku. Kathik mbakyuku durung ngerti gawean. Dadi bapakku mung bisa ngawasi anak-anake wayah bengi.
    “Simbok. Kowe kena pisah karo bapak, nanging kenapa aku lan mbakyu Pembayun kudu mbok tegakke pisah. Aku lan mbak Ayun kaya godhong garing sing dirumat simbah, bapak lan mbokdheku. Simbok, banjur ngendi dununge hake anak marang wong tuwa ? Kuwajibane simbok marang anak-anake nalika isih cilik-cilik. Mbok, aku nganti ora bisa nangis, kepriye carane nangis, wong luhku wis asat. Panyawangku sasat ora duwe teges, apa tegese panyawangku marang kahanan, apa maneh marang simbok. Apa simbok wis lali tenan karo aku lan mbak Ayun ?”
*****
    Aku playon wayah awan karo kanca-kancaku. Kumandhange adan Ashar wis keprungu.
    “Lee, Kuuh … ! TPA nggone Pakdhe Samin. Eling kandhane Pakdhe lho. Jare kowe janji nurut Pakdhe arep TPA,” pambengoke mbokdheku marang aku. Ngelingake aku supaya aku sinau maca Alqur’an ing taman pendidikan Alqur’an kaya pakone pakdheku. Marga makaping-kaping aku didhawuhi mbokdhe ora tau mangkat. Nanging nalika aku didhawuhi pakdhe, aku manut.
    Mulih TPA dolan, adus, sinau, nonton TV njur mlebu kamar. Arep turu ora bisa. Mataku kethap-kethip kelingan simbok neng ngendi. Apa simbok uga mikirake aku ? Njur ana ngendi dununge tresnane simbok marang anak tanpa teba? Iki salahe sapa, mbok ? Salahe Bapak? Utawa salahe SImbok ? Utawa salahku lan salahe mbak Ayun ?. Mbok, aku ora ngerti, kudu nyalahke sapa. Aku ora ngerti, nganti kapan aku nandhang nasib kelangan simbok sing lali marang aku ? Kowe rak isih eling karo aku lan Mbak Ayun, ta mbok ? Swaraku karo mbrebes, sak bisa-bisa aku ngeremake mripat. Turu. ***

Tidak ada komentar