Sabtu, 24 Maret 2018

MC Halal Bihalal Bahasa Jawa

Assalamu'alaikum wr . wb. Bismillahirrahmanirrahim. Alhamdulillahi robbil 'alamin wabihinasta'inu ngala umuridunya wadin washola... thumbnail 1 summary
Assalamu'alaikum wr . wb.
Bismillahirrahmanirrahim. Alhamdulillahi robbil 'alamin wabihinasta'inu ngala
umuridunya wadin washolatuwassalamu ngala asyrofil mursalin.
Sayidina wamaulana muhammadin wangala alihi washohbihi ajmangin wala khaula
wala kuwata ila billahil ngaliyilngadhim ama ba'du.
Dumateng ngarsanipun poro bapak poro ibu poro sepuh pinisepuh ingkang dhahat
kinurmatan. Langkung-langkung dumateng ngarsanipun Bpk..... ingkang tansah kito
tenggo-tenggo maungidhoh khasanahipun ingkang tansah dipun mulyakaken dening
Allah Swt.
Lan ugi dumateng ngarsanipun Bpk..... ingkang kito hormati ugi. Lan ugi dumateng
sedoyo kadang mudo lan mudinipun ingkang kulo tresnani.
Hadirin wal hadirot rokhimakumullah.
Wonten kesempatan ingkang sae puniko monggo kito mboten kesupen ngunjukaken
raos pujo lan puji syukur kito wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang tansah
paring sedoyo kanikmatan-kanikmatanipun ingkang arupi kesarasan kawilujengan
taufik hidayah soho inayahipun sahinggo kulo lan panjenengan sami saged
makempal manunggal wonten ing majelis Halal Bi Halal wekdal dalu puniko kanti
kawontenan sehat wal afiat. Amin ya robal ngalamin. Sholatullah wasalamuhu mugi
tansah keparingaken dateng junjungan kito Nabiullah Muhammad SAW ingkang
tansah kito adhang-adhang syafa'atipun lan ugi ingkang badhe nyafa'ati dumateng
kulo lan panjenengan sami mbenjang wonten ing yaumul kiamah, amin Allahuma
amin.
Hadirin wal hadirot rokhimakumullah. Wonten ing wekdal ingkang sae puniko, kulo
lan panjenengan sami nembe kemawon nindakaken Siam Romadhon pinoko Rukun
BERANDA
Islam ingkang kaping tigo, lan ugi dinten riyoyo fitri.
Poro bapak poro ibu ingkang dahat kinurmatan, kulo lan panjenengan puniko
mboten lepas saking kalepatan soho kekhilafan, awit saking puniko wonten ing
kesempatan ingkang sae puniko kito makempal wonten ing Majelis Halalbihalal,
majelis ingkang barokah puniko.
Lan mbok bilih anggen kulo nderekaken lampahing Adicoro Halalbihalal dalu
puniko temtu kathah kalepatan soho kekhilafan saestu kulo nyuwun agunging
pangampunten. Lan minggah ramtamaning adicoro ingkang badhe lumampah
wekdal dalu puniko: (ingkang kaping)
1. Pambuko
2. Sholawat Nabi
3. Sambutan Panitia
4. Ikrar Muda-Mudi
5. Panampi Ikrar
6. Istirahat
7. Tahlil
8. Hikmah Syawalan
9. Panutup
Mekaten menggah ramtamaning adicoro ingkang badhe lumampah wekdal dalu
puniko.
Poro bapak lan poro ibu, hadirin wal hadirot rokhimakumullah
1. Pramilo monggo majelis wekdal dalu puniko kito bikak sesarengan kanthi waosan
Umul Qur'an. Liridhoillah wali syafa'ati rosulillah, al fatikhah...
- Kito aturaken sanget agunging panuwun dumateng poro bapak poro ibu ingkang
sampun kerso mbikak Majelis Halalbihalal dalu puniko, mugi-mugi kanti Surotul
Fatikhah kolo wau ndadosno lancaring adicoro wekdal dalu puniko.
2. Kito lumajengaken adicoro ingkang ongko kalih inggih meniko waosan sholawat
Nabi. Dumateng ... wekdal soho papan kito aturaken.
- Kito aturaken agunging panuwun dumateng ... ingkang sampun kerso mimpin
waosan sholawat nabi kolo wau, mugi-mugi kanti waosan sholawat nabi kolo wau
kulo lan panjenengan sami mbenjang wonten ing Yaumul Akhir pikantuk
syafa'atipun Nabiullah Muhammad SAW. Khususipun ...
3. Poro bapak poro ibu menggah adicoro ingkang kaping tigo inggh puniko sambutan
panitia. Dumateng ... wekdal kulo soho papan kito aturaken.(dst)
Poro bapak poro ibu ingkan kulo hormati, menggah adicoro ingkang kaping ...
Hikmah Syawalan soho do'a panutupipun ing samangke kito suwunaken dumateng
Al Mukarom Bpk... ananging sakderengipun wekdal kito aturaken, mbok bilih
anggen kulo nderekaken acoro demi acoro temtu katah kalepatan soho kekhilafan
saestu kulo kanti handaping manah nyuwun agunging pangampunten. Saking kulo,
kulo pungkasi Wabilahi taufiq wal hidayah.
Achmad Muchtar pada 19.00
Wassalamu'alaikum wr. wb

Tidak ada komentar