Rabu, 25 Februari 2015

Contoh naskah NYRATOS PURNANING PAWIWAHAN lan TEMANTEN JENGKAR TUMU / WIWAHA

Poro tamu kakung soho putri ingkang tuhu sabar drono luhuring budi. Pasamuan pawiwahan sampun andungkap pasipurno / (dereng paripurno). Min... thumbnail 1 summary
Poro tamu kakung soho putri ingkang tuhu sabar drono luhuring budi. Pasamuan pawiwahan sampun andungkap pasipurno / (dereng paripurno).
Minangka pratondo paripuraning pawiwahan, kalanipun ingkang amengku karyo tuwin penganten kekalih sampun samapto anguntapaken kunduripun poro tamu ing sangadaping wiworo pawiwahan. Sakderengipun dumugi prastowo puniko sumangganun, sami kaprayogeaken lelengahan. Sinambi nyrantos paripurnaning pawiwahan. Nuwun.

Pawiwahan tuwin samukawisipun sampun pari purno.
Salajengipun kunjuk ngarsanipun Ibu ………………………………. Kapurih mratitisaken wiragane penganten ke-2 keparengo nggandek penganten kekalih tumuju dateng wiwaraning pawiwahan, saperlu nguntapaken kunudring poro tamu.

Tidak ada komentar