Rabu, 25 Februari 2015

Contoh naskah PURANANING PAMBAGIOHARJO, WURSITO WOPO / SABDOTOMO, lan PURNANING SABDOTOMO

PURANANING PAMBAGIOHARJO Makaten wedaring pangandikanipun Bp. ……………………………. Ingkang kawijil kanthi aris sinausung lukitaning tembung manis, ... thumbnail 1 summary
PURANANING PAMBAGIOHARJO
Makaten wedaring pangandikanipun Bp. ……………………………. Ingkang kawijil kanthi aris sinausung lukitaning tembung manis, mamuhara, kebaiking sagorowo. Duh, darahing budoyo ingkag sampun kuntap saindenging rat pramudito.
Lubering sih darmp saking adiko sedoyo, ingkang sampun kepreng jumurung ing karso, suko pepuji andeyono dumateng penganten ke-2, ingkang sampun widakdo amambut guno lalining akrami temah jumbuh ingkang sami ginayuh, sembodo ingkang sami sinedyo.

WURSITO WOPO / SABDOTOMO
Poro rawuh kakung putri ingkang dahat kinurmatan, temanten kekalih sampun sowaningarso, clereting netro kawistoro, anggung anggenyo angantu-antu, puji pangestu saking handiko sami,
Prentuling sedyo
Anggenyo mangun brayat wini sudho sinengkaken ing tataraning wredo werdine tankedah mandireng priyonggo.
Mugi antuko kalidumar pandom margining agesang bebrayan. Milo saking puniko keparengo panjenenganipun Bp. ……………… kersoa paring ular-ular dumateng pinanganten kekalih, sumrambah ing sedoyonipun.


PURNANING SABDOTOMO
Makaten, poro rawuh kakung soho putri mliginipun dumateng penganten kekalih.
Wursito woro sampun kaparingaken kanthi gamblang sampun mboten karempit, mugi ndadoso budelaning adi gegaran nggayuh widodo ning polo kromo kados mboten tumpang suh panampi, panjenengan, katan keparengi sami angecakaken ing gesang bebrayan.

Tidak ada komentar