Rabu, 25 Februari 2015

Contoh Naskah PANYONDRO MLEBETING PANGANTEN KAKUNG

Panganten kakung teliti tetep tur tangguh, guna lawan kasantikan kajatmikan, jroning nolo lambaran topo brata, karyo tentreme kulo wargo gam... thumbnail 1 summary
Panganten kakung teliti tetep tur tangguh, guna lawan kasantikan kajatmikan, jroning nolo lambaran topo brata, karyo tentreme kulo wargo gampang ngupo koyo sandang ledo, gemah ripah toto raharjo jinangkung marang Hyang Suksama.
Salemah topo broto kentar-kentar winar gondo, wido sumirat ambabar tejo maya, saya dangu saya ceto, saya caket soyo malelo, pranata tejaning panganten kakung ingkang binayang karya mijil saking sasana patereman kinanti manjing sasana pawiwahan. Milo kalamun pineta ing wardaya, candrane kadi nalendra ingkang astro ledak sini woko, lenggah ing dampar denta.
Prapteng, ungyan kang tinuju sang pinangantyan kakung soho ingkang samya umiring, lampah, sami dene aparantunan wonten ing wiwaraning pawiwahan.
Nalika samana panganten kakung dahat ngungun, anguningani eden-eden kang angrenggani tawinging wiwara, dumadi saking pradapa manca warna, tinunggulan dening pradapaning wandira, pradapa ran wandira waringin, mulua asri dinulu,
Kumlabeting rontek miwah umbul-umbul ingkang katempuh ing maruta manda, lamun linaras ing suksma entane asung pambagyaharjo marang sang pinanganten kakung lumeber sanggyaning para wargo wandowa ingkang samya umiring gati.
Dupi wus tinata titi tataning wigati, sigra jumangkah sang wimba sora pametuk sekar cempoko mulya inggih sang admaja penganten kakung, saksana , amurweng .. kanda sang wimba sana, dumateng ingkang piniji anampi.

Tidak ada komentar