Rabu, 25 Februari 2015

Contoh naskah PANYONDRO MIOSIPUN PENGANTEN PUTRI

Tanpantoro ing rino gumati wengi, wengi gumati rino, pinasti gilir gumati iku wus karsaning yhang sukso. Anggegondo burat wangi pindo warang... thumbnail 1 summary
Tanpantoro ing rino gumati wengi, wengi gumati rino, pinasti gilir gumati iku wus karsaning yhang sukso. Anggegondo burat wangi pindo waranggono suwargo, rinubung ing ambyang-abyang samya seng-sem kang samyo miarsa lelangen nuting wiroma, pradonggo munya anganyut-anyut tuhu dahat sri karenggyan.
Nulya kawuryan ana tejo angenguwung mawa brata, tuhu pinangka tehane panganten putri, ingkang binayang kare mijil saking tepas wangi, kinanti manjing sasana rinenggo.
Prepteng madyaning sasana pawiwahan, kagyat kagoro kang apinda sita resmi inggih mustikaning pawiwahan.
Dene uingo sanggyaning para tamu kakung sumawono putri, wus kebak beramblabar angebeki jroning pawiwahan, nganti kaya andayang-dayangnu pancak sujining pandupi agung balepawiwahan.
Marmo tumanduk ing raos ingkang dahat tumanem ing kalbu, yayah linabang ing memeanis ingkang tuhu tan kawawa cinitro ing ukoro.
Prapleng unggyan kang tinuju, dening pangantining panganten
Mustikaning pawiwahan gya kinanti kalenggah aken sasana rinenggo, angrantu laksitaning adicara ingkang wus rinantam.
Naliko samana, kawisatara sri pinanganten wus lenggah anggona raras.

Tidak ada komentar