Rabu, 25 Februari 2015

Contoh naskah PURWANING PAHARGYAN

Nuwun, poro lenggah ingkang winantu ing pakurmatan, kasugengan soho sih nugrahaning Gustu Ingkang Moho Mirah tuwin Mohon Asih, Mugi kaji... thumbnail 1 summary

Nuwun, poro lenggah ingkang winantu ing pakurmatan, kasugengan soho sih nugrahaning Gustu Ingkang Moho Mirah tuwin Mohon Asih, Mugi kajiwo kasariro ing paduko kawulo sami. Tumanduk dumateng poro kawulo dasih kajihno ing salebeting kalodangan puniko panjenengan kulo pinarengaken ngempal manunggal silaturohmi, kanthi karaharjan, kabagyan, kasantosan, sarto kabagaswarasan.
Langkung rumiyen sumonggo panjenengan sami kulo derekaken munjukaken puji syukur dumateng Allah SWT ingkang amurbo amaseso sesiningratan pramudito, muhi salwiring gati, purwo madyo wasono kasembadan lulus raharjo kalis ing rubedo.
Nuwun poro pinisepuh, sesepuh, tuwin poro pangemban pangembating projo ingkang sinubeng pakurmatan, poro trahing sutrisno budoyo adi luhung ingkang anggung memardi mardawaning budoyo luhur, sumrambah poro sanak kadang mitri pitepangan ingkang pantes tampi pakurmatan.
Ing kalodangan puniko, nuninggih mundi dawuhipun ingkang amengku karso Bp. …………………. sekalian Ibu, miwah gotrah kulowargo, keparengi kulo anglantasaken lampahing pahargyan ingkang kanthi prasojo ing rikalenggahan puniko, daupipun                 Rr. ……………………. kalian Bg. ……………….…… ingkang anyarengi dinten ………………………….
Poro rawuh kakung sumawono putri, ingkang kinurmatan, pambyoworo ngaturaken pambagyo sugeng rawuh, mugi kaparengi hamrayogekaken lelenggahan ngantos titi purnaning pawiwahan ing rikalenggahan puniko. Soho kaulo ngaturaken tangkeping tangan kekalih, mugi kunjuk ngarsanipun poro tamu kakung miwah putri.
Poro rawuh kakung soho putri, sak derengipun totocoro kawiwitan, pambyoworo kepareng angaturaken rerantamaning adicoro pawiwahan ingkang bade linampaj ing sing (dinten) puniko.
* Dibacakan susunan acaranya *
Makaten rerantamaning adicoro pawiwahan ing rikalenggahan puniko, wasono mugi keparengo hamrayogekaken lelenggahanipun, sinambi miyarsakaken larasing pradonggo soho pangetiking waranggono lumantar pito suworo.

Tidak ada komentar