Minggu, 29 Maret 2015

Cerkak: Suro Teteg

Cerkak: Abhiseka Rajakandha Jam loro bengi. Rontek wis dipasang rintip ana pinggir dalan desa. Ora liya gambar caleg(calon legislatif... thumbnail 1 summary
Cerkak: Abhiseka Rajakandha


Jam loro bengi. Rontek wis dipasang rintip ana pinggir dalan desa. Ora liya gambar caleg(calon legislatif), sing uga diarani calon DPRD kutha Kabupaten. Jenenge H. Suro Teteg, SH. Nalika ditlesih, hurif H ana ngarep jebul cekakan saka jeneng Hadi, kamangka padatan H ana jeneng ngarep gelar haji. Yen ngono, kena ngapa Suro Teteg kok ora nganggo gelar Syahadat utawa malah nganggo gelar Pasa, senajan pasane ing sasi romadlon ya mung yen gelem. Dene SH ana jeneng mburine pancen cekakan saka Sarjana Hukum, ning ya kuwi, mung tukon. Wong nyatane dheweke ora tau mlebu kuliah, mlebu mlebu nalika wisudhan. Yen nilik sejarahe Suro Tatag, nalika SD nunggak ping lima, SMP nunggak ping loro. Dadi ijazah SMA-ne mung persamaan. Andek puna kementhuse jamak, kathik malah ada ada nyaleg. Rupa ora bagus, bandha ya mung cupet, sesrawungan sasat ora ana sing seneng, marga angger omongan nggedebus sundhul langit. Angger ana rewangan wong duwe mantu, pamit, semono uga yen ana layatan. Menawa jagong manggone ngarep dhewe, ora isin lungguh jejer pak lurah karo jegang pethitha pethithi.
Bareng wis rampung anggone padha masang rontek, wong wong mau padha dijak mangan ana warung hik sing isih bukak. Lumayan, saben rontek siji diregani rong ewu rupiah. Mangka Pardi wis kasil masang seket rontek, ateges satus ewu wis mesthi bakal ditampa saka caleg Suro Teteg. Kabeh ana wong telu, ateges Suro Teteg kudu mbayari telung atus ewu marang sing masang rontek.
“Lik Gareng. Dietung kabeh enteke pira” Omonge Suro Teteg marang bakul hik. Bareng wis ditakoni mbaka siji, totale anggone jajan entek 52 ewu punjul limang atus klebu Suro Teteg.
“Lha sampeyan pinten, dhe?” Pitakone Suro Teteg marang wong sing kapinujon uga jajan ana hik-e lik Gareng. Sing ditakoni ora semaur malah sajak ora nggatekke. Sajake wong mbecak aran Sembodo kuwi wis apal lagak lagune Suro Teteg. “Sisan dhe, tak bayari” Suro Teteg nambahi rembug.
“Aku tak mbayar dhewe. Pira, Reng?” Wangsulane Dhe Sembodo nuli takon bayarane marang sing dodol. Dhuwit sepuluh ewu diulungake, gareng njujuli rong ewu. “Ngati ati dulur urip jaman saiki. Apa maneh usum arep pilihan caleg ngene iki. Usum udan dalan padha jeblog, aja nganti kepleset lan kejeglong, ngati ati karo wong kakehan janji” Omonge Sembodo ndermimil karo ninggalake warung hik sajak ora duwe dosa. Mbuh, sapa sing dikarepke dheweke muni kaya mengkono. Yen ngrungokke suwarane sajake ya nyindhir sing ana kono. Bisa uga Sembodo becak wis tau ketaton karo Suro Tatag dhek pilihan caleg limang tahun kepungkur.
Dene wong telu sing lungguh ana hik padha plenggang plenggong krungu suwarane wong sing dianggep ngomyang ora cetha. Suro Teteg uga ora kalah ndememeng kaya tawon ndhas sing omahe dibubrah. Nanging anggone gembranggang nalika Sembodo wis rada adoh. Caleg mau malah ngundhat undhat, menawa Sembodo bicak njilih dhuwit ora tau mbalekke. Angger diwenehi gawean pasang rontek, umbul umbul, gendera parte lan spanduk dhuwite ditampa dhisik gaweane ora temata. Ngono mau miturut kandhane Suro, suwarane gembranggang karo ngulungke dhuwit seketan ewu marang Gareng hik.
“Kirang kalih ewu gangsal atus, mas caleg”
“Kurang ta? Wah, aku durung njupuk maneh ki. Iki mbok gawa papiye kartu kreditku” Ngono wangsulane Suro Teteg semu pamer karo nuduhke kartu kredite cacah lima. Kanggone gareng dhuwit rong ewu kuwi etungan. Nanging dheweke ora wangsulan. Batine Gareng dadi kelingan gembrenenge Sembodo becak. Mung dhuwit rong ewu limang atus wae wae kathik utang, malah sak kal melu melu ngrojongi omongane Sembodo becak najan mung dibatin.
***
Nalika nekani ana rapat mesjid Al-Hidayah, caleg Suro Teteg jaluk wektu bakal titip rembug. Pranata wicara nuli macakake urutane acara. Nalika teka sambutan caleg, Suro Teteg nuli mbukak salam: “Salamungalaikum warohmatuloh wabarokatut…” Ngono pambukane sambutan. Para rawuh padha mbatin, pambukane salam kok ora cetha malah kepara luput. Ing mangka jeneng ngarepe nganggo huruf H. Ing wiwitan pambiwara wis ngucap menawa caleg mau kanthi jeneng Haji Suro Teteg Sarjana Hukum.
Pidhatone ngalor ngidul ora cetha, malah kathik nganggo ndalil barang nanging luput. Ngucap amar ma’ruf nahi mun’kar kleru “pak makruf naik dhokar”. Krungu kaya ngono akeh sing padha nggleges malah ana uga sing ngguyu nyekakak.
“Wah, pelecehan kuwi!”
“Hajine haji apa kuwi?”
“Aja aja hajiii….”
“Cekap cekap para jamaah.” Ngono anggone pambiwara nyandhet supaya ora padha saur manuk ngluputake caleg sing lagi diwenehi wektu dene pambiwara. “Mangga pun lajengaken pak haji Suro Teteg” Suwarane pambiwara marang calege.
Raine abang ireng, malah awake wiwit gembrobyos, sajake rumangsa ana sing kleru anggone ngucap. Ning dhasare Suro Teteg, mesthi dheweeke teteg wae anggone ngadhepi. Malah dheweke janji, menawa yen wis dadi DPRD dhuwit aspirasi bakal disumbangke mesjid 20 yuta. Kabeh sing ngrungokke wiwit ora percaya karo omongane caleg Suro Teteg. Malah pungkasane rembug, dheweke bakal ngirim bata, pasir, kawat, semen, porselin kanggo ngrampungke papan wudlu. Minangka bukti, sesuk esuk bakal dikirim wedhi sak trek.
“Niki janji kula, penjenengan sedaya tuwin Gusti Allah ingkang nyekseni. Penjenengan pirsa, dalan pinggir desa nika kula sing merjuangke. Pun ta, pokoke kula nyuwun tulung. Benjing tanggal 9 april njenengan sedaya coblos jeneng kula, H. Suro Teteg, SH. Sebab pilihan mangke boten enten proto, eh photo kula. Ning jeneng kula. Ampun kesupe, H. Suro Teteg, SH” janji lan welinge ndakik ndakik. Nalika pungkasan pidhato, sajake para rawuh sajak muneg ngrungokke omongane caleg Suro Teteg. Bola bali Suro Teteg, jumbuh karo jenenge.
***
Mbuh wis kaping pira anggone caleg Suro Teteg sosialisasi marang saben pakumpulan RT, pengajian, mesjid sarta PKK. Sajake obral janji dadi modhale Suro Teteg. Malah para warga sing tau disulayani, Suro Teteg ditambahi jeneng dene pakdhe Sudrun kanthi tambahan Pawiro Saguh Joyo Endho. Bok menawa karepe jeneng kuwi duwe teges, wong sing teteg ora duwe isin sing tansah sregep saguh nanging nyulayani.
Akeh janji janji sing disulayani. Sing jare arep mbantu nukokke bala pecah marang RT wolu, jebul mblenjani. Jare sing arep nyumbang matrial bangunan kanggo gawe serambi mesjid jebul ngapusi. Jare arep nukokke sarana Olah Raga marang Karang taruna, uga diblenjani. Malah nalika dadi DPRD bakune teka absen, ninggal tas ana kantor banjur pamit lunga, bali bali yen wis jam siji utawa jam loro. Luwih lucu maneh angger ana gawean rapat ora tau teka malah ditinggal mancing. Sing genah mlebu angger tanggal nom mesthi mlebune sik dhewe. Edan!
  Jadwale caleg H. Suro Teteg, SH ana ing desa Ledokan. Jumbuh karo jenenge, desa Ledokan. Desa mau pancen mapan ana Ledokan, angger udan keleban banyu, dalane mblekuk. Sing genah durung diaspal. Mula nalika liwat dalan mblekuk bisa kanggo srana kampanye. Mangka biyen dheweke tau kampanye ana kampung Ledokan, janjine arep mbantu ngaspal dalan, nanging ora ana buktine.
“Nyuwun pangapunten. Tahun anggaran wingi kula sampun nyuwun jatah kangge ngasapal dalan kampung penjenengan sedaya. Nanging anggaran dipun tundha wulan ngajeng. Penjenengan tengga wulan ngajeng. Mila estu, mangke menawi kula kepilih malih. Kula janji, janji. Dalan kampung Ledokan ajeng kula aspal sedaya, kalen kalen kula damelaken cor-coran. Niki, pun kula gawakke layang perjanjen. Pun kula templeki matrei” Omonge  makanatar kantar, nganti cangkeme kebak unthuk ora krasa.
Ora ana sing  nyahut rembug, apa maneh sing teka ora akeh. Mung udakara 40 wong, mangka sing diundang wong sa RW, kudune udakara satusan seket munggahe nyang rong atus. Kajaba saka kuwi, pidhatone caleg Suro akeh nggladrahe sarta mung diakehi janjine. Dadi bener menawa dheweke diparabi caleg Suro Teteg Pawiro Saguh Joyo Endho. Ana pungkasane pidhato, pak RT sida nandha tangani layang perjanjen sing diomongke, kanthi catetan yen para warga kampung Ledokan kabeh milih dheweke. Ketua RT enggal nandha tangani layang, sauntara kuwi para warga sing wiwit ora nggagas padha mulih kluntrung kluntrung mlipir mulih metu mburi.
Bubar kampanye, udan deres. Para warga sing teka ana undhangan wis padha mulih, mung kari pak RT, mbah Saridin, pakdhe Sodik lan mbah Kariyem. Suro Teteg pamit mulih. Eman, nalika mobil sing disopiri ijen kuwi dumadakan keblegong ana ndalan lendhutan etan kampung Ledokan. Bane mobil mung muser.
“Trondholo kecut. Gek udan, keblegong dalan lendhut!” Panggresulane Suro Teteg. Makaping kaping digas, uga disetengah kopling tetap wae ora bisa uwal, kathik udane saya deres. “Hah, kok ya ora ana wong-weng ta iki” Omonge karo noleh nenegn. Saeba kagete nalika noleh ngiwa ana pawongan lanang kalung sarung nganggo payung godhong lompong.
“Oh, lik Sembodo. Kebeneran, lik. Tulung padoske kanca kanca, mangke kula paringi seket ewu setunggal tiyang. Tulung tenan lik Sembodo, sampeyan satus ewu dhewe. Mosok kalih kula ra percaya” Ngono anggone Suro Teteg setengah meksa jaluk tulung. Sing dijaluki tulung mung meneng mbegegeg. Suro Teteg rada kaget, nalika nyawang praupane wong mau sajak duwe perbawa, apa maneh ketambahan kahanane peteng sarta udan deres.
“Aku ora butuh janji janjimu Suro Teteg. Minangka wong sadrema titah, aku bakal tetulung marang wong kang nandhang susah. Ayo, sak kuwatku mobilmu tak surunge” Omonge Sembodo sing gaweane mbicak saben dina kuwi nuli ana mburi mobile. “Ayo, tak surung!”
“Iya, lik!” Omonge karo nyetarter mobile.
“Ngeeeeng, ngeeeeeng…!” Suwara mobile nggereng.  Udakara rong menit, mobil sing disopiri Suro Teteg uwal saka jeglongan banjur nggendring tanpa kandha matur nuwun marang Sembodo.
Adoh lampu mobile kethip kethip. Nanging ora let suwe, ana suwara kemrosak jemblegur. “Kok kaya mobil kecemplung jurang?” Batine Sembodo ngudarasa. Sembodo nuli mulih ngluntrung isih tetep payungan godhong lompong karo dedonga “Muga muga kowe slamet, Ro”.
.

Tidak ada komentar