Minggu, 29 Maret 2015

Geguritan Pamong Desa

Pamong Desa Yen kelingan jaman semana Runtang runtung ngalor ngidul tanpa duga Nuruti kekarepan golek kesenengan sak dengah papan Pa... thumbnail 1 summary
Pamong Desa
Yen kelingan jaman semana
Runtang runtung ngalor ngidul tanpa duga
Nuruti kekarepan golek kesenengan sak dengah papan
Pancen ora maido yen isih dadi nom-noman
Saiki  jaman wis gumanti
Wis dadi niat kang suci kudu nyawiji
Desa Juron kudu dadi gegantilaning ati
Tumrap pamong kang kudu ngabekti
Oja sira cidra ing janji
Tansah siyaga iri sawega ing gati
Kanthi iklas tulusing ati
Sewayah-wayah warga nimbali
Lamun sira tan kena cinitra ala
Gyo jumangkah tumuju gegayuhane  warga
Tan kena mengko tan kena lena
Sira bakal kebak pangalembana

Tidak ada komentar