Minggu, 29 Maret 2015

Geguritan Lintang lan Pelangi

Lintang lan Pelangi Yen tak gagas lan tak graita Kadang kala aku kudu nguyu lan uga kuciwa Nanging pepestining gusti tan kena kinira ... thumbnail 1 summary
Lintang lan Pelangi
Yen tak gagas lan tak graita
Kadang kala aku kudu nguyu lan uga kuciwa
Nanging pepestining gusti tan kena kinira
Kabeh jalma manungsa kudu bisa narima
Pirang desa pirang kutha angganku ngalembara
Akeh wanita kang mampir ana ing jiwa raga
Lamun kabeh mau muspra tanpa guna
Yen pepestining Gusti durung tumeka
Bebasan suwe mijet wohing ranti
Yen gusti wis paring idi lan pesti
Cukup telung dina katresnan rinakit dadi
Nganti tumeka saiki gusti mberkahi
Sumeleh rasaku tumuju tresna kang sejati
Tumrap wanita gegantilaning ati
Nganti gusti paring bebungah kang edi lan peni
Sing priya embaning janaka sing putri embaning srikandi
Lintang dan Pelangi
Dadi tanda yekti katresnan suci
Muga Gusti tansah paring idi
Trena nganti kaki-kaki lan nini-nini

Tidak ada komentar