Sabtu, 24 Maret 2018

contoh atur pambagya harja bahasa jawa

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb. Para sesepuh-pinisepuh ingkang kula bekteni, para tamu kakung putri, para kadang wredha mudha ingkang dahad kinu... thumbnail 1 summary
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Para sesepuh-pinisepuh ingkang kula bekteni, para tamu kakung putri, para kadang wredha mudha ingkang dahad kinurmatan, keparenga kula mambeng anggen panjenengan sedaya katemben wawan pangandikan, karana kula piniji Bapa Bakri sekalihan, kinen ngaturaken raos suka ing manah bingah saha sedya wigatosing gati ing kalenggahan punika.

Minangka purwakaning atur langkung rumiyin sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken atur puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang Maha Agung, karana  panjenengan sedaya dalasan kula saengga taksih saged kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala. Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, madyaning wiwahan punika Bapa Bakri sekalihan lumantar kula ngambali ngaturaken sugeng rawuh sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, kasuwun tansah lelenggahan kanthi mardikaning penggalih. Sarta ngaturaken sakalangkung agenging panuwun, keparengipun merloakaken ngestreni Ijab kalajengaken panggih pun Rara Zahra Asyifa putrinipun Bapa Bakri kadhaup dening Bagus Dzaky Haidar Arrayan putranipun Bapa Hadi Wijaya ingkang pidalem ing Jalan Love Bird, Semarang. Wondene ijab kalajengaken panggih kalampahan kanthi rancag, wilujeng, sepen ing rubeda.

Ingkang punika, kula suwunaken tambahing donga pangestu, mugi penganten sageda lestari widada ing sapanginggil, tumuli runtut, atut, temah pinerang hambabar wiji-dadi ingkang saged nerusaken silsilah keturunanipun ingkang sami bebesanan. Para lenggah kakung putri ingkang satuhu kinurmatan, kaleksananing pahargyan ing kalenggahan punika saged kalampahan karana sih pambiyantunipun para sanak kadang  pawong mitra langkung-langkung para warga Rt 01 ingkang punika hambok bilih Bapa Bakri boten saged mangsulaken karana lahir, amung kasumanggakaken wonten ngarsanipun Allah ingkang Maha Agung mugi sih kadarman panjenengan dadosa ngamal kasaenan.

Para tamu kakung putri ingkang pantes sinudarsana Bapa Bakri sekalihan lumantar kula tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, kiranging tanggap tangguh gupuh mugi diagung pangaksama panjenengan sedaya. Hing wasana minangka pepuntoning aturipun Bapa Bakri sekalihan kula hambok bilih wonten kiranging seserepan saha trapsila miwah kirang pana dhumateng ing reh suba sita,  basa tuwin sastra, wonten galap gangsuling atur kula amung tumadhah lubering pangaksama

Tidak ada komentar