Sabtu, 24 Maret 2018

Contoh MC Bahasa Jawa Krama Inggil

Assalamu’alaikum wr. wb.Wonten pangarsanipun Al-Karim Ibnil Karim Shohibul Fadlilah Wal Karomah __________________________________lan sedoyo... thumbnail 1 summary
Assalamu’alaikum wr. wb.Wonten pangarsanipun Al-Karim Ibnil Karim Shohibul Fadlilah Wal Karomah __________________________________lan sedoyo keluarga soho dzuriyahipun- Poro pejabat pemerintah sahe sipil menopo TNI ingkang tansah kawulo hormati,wabil khusus dumateng Bapak Bupati Wonosobo Bpk. Ahmad Naufa(hehe)- Kaping sepisan monggo kulo dereaken samiyo Muji Syukur wonten ngarsaniNgayunan Dalem Gusti Allah Swt, kanti Waosan Tahmid, Alhamduliilahirobbil‘alamiin, awit limpahan Rohmat taufiq sedhoyo Hidayahipun Allah ing wekdalndalu meniko kulo lan panjenengan taseh saget makempal wonten ing majlisingkang mubarrok meniko, mugi-mugi pakempalan puniko kacatet dening Allahminongko amal kesaenan, amiin Allohumma Amiin.
Salawat serto salam mugio tansah kaunjukaken wonten ngayunan dalem NabiAgung Muhammad SAW, mugi-mugi kito sedoyo pikantuk safa’atipun mbenjangwonten ing yaumil qiyamah, Allohumma Amin.Hadirin-Hadirot ingkang tansah kito mulyaaken.Monggo adicoro pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW kito milai, ananging sakderengipun, keparenga kula aminangkani pranoto adicoro maosaken menggahruntutipun adicoro ingkang bade kalampah.

Aminangkani Adicoro ingkang kapisan inggih puniko Pembukaan.

Adicoro ingkang kaping kalih waosan ayat-ayat suci AlQuran soho Sholawat nabi.

Adicoro ingkang kaping tigo Mujahadah.

Adicoro ingkang kaping sekawan sambutan-sambutan.

Adicoro ingkang kaping gangsal Mau’idlotul khasanah

Adicoro ingkang kaping enem penutup kanti do’a

Tidak ada komentar