Minggu, 10 Juni 2012

Contoh Atur Pambagyo harjo

Assalamu’alaikum wr. wb.         Para pinisepuh, para bapak, ibu saha para kadang/ sederek kula kakung putri ingkang winengku ing karahay... thumbnail 1 summary
Assalamu’alaikum wr. wb.


        Para pinisepuh, para bapak, ibu saha para kadang/ sederek kula kakung putri ingkang winengku ing karahayon . . . . .
        Kula minangka sesulihipun Bp/Ibu . . . . . , saderengipun kula matur uwosing perlu. Ingkang rumiyin kula munjukaken sembah syukur ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kawilujengan, karaharjan lan karahayon dhumateng panjenengan kula sedaya
        Ingkang selajengipun kula matur :
Ngaturaken pambagya wilujeng rawuh panjenengan sedaya, saha ngaturaken agenging panuwun. Panjenengan sedaya sampun kersa rawuh tuwi kawilujengan kula sakulawarga, nyambung raket supeketing pasadherekan.
Dinten punika Bp/Ibu . . . . . .nelakaken syukur, bingah, gembiraning manah awit Ibu . . . . . .ginanjar wilujeng mboten wonten alangan setunggal punapa, anggenipun nglahiraken putra jaler, kala dinten . . . . . . . .. . . . . . tanggal . . . . . . . ingkang dinten punika sampun . . . . . . . .dinten
Dene putra kalawau dipun tengeri nama . . . . . . . . .
Ingkang punika nyuwun tambahing donga pangestu panjenengan sedaya, mugi-mugi jabang bayi kasebat tansah ginanjar bagas waras, walagang enggal ageng, netepana :  . . . . . . . , tegesipun anak ingkang sae lahir batosipun kasinungn kelantipan lan budi luhur, migunani tumrap kula warga, bebrayan, nusa, bangsa, lan agaminipun.
Tumrap Ibunipun inagkang


   

Tidak ada komentar